Asal Usul Desa Rambenak

Kala jaman semana ana salah sijining kaluwarga kang uripe tentrem ayem. Kaluwarga sing isine mung wong loro yaiku Suminten lan anake. Suminten kuwi dadi salah sijining kembang desa amarga duwe pasuryan kang ayu sanadyan wis duwe anak. Anake Suminten uga kalebu anak kang bekti marang wong tuwa. Suminten wis suwe banget ditinggal lunga bojone kawit dheweke ngandhut nganthi seprene. Bojone Suminten dikuthuk dadi ula neng sawah mergane nglanggar janji.
Ing salah sijining dina Rendheng njaluk pamit karo ibune mergane dheweke arep dolan karo kancane. “Bu, Rendheng badhe nyuwun izin badhe kesah kaliyan rencang-rencang,” tembunge. “Lunga neng ndi Le?”Pitakone. “Teng sawah bu,” jawabe. ”Aja suwe-suwe ya lek dolan mergane iki wis sore,” panjaluke Suminten.”Inggih bu,” jawabe. Rendheng nambahi, “Mangkeh sakderenge magrib kula sampun wangsul kok.” “Ya wis yen ngono ngati-ati wae, jawabe”.


Ora let suwe Rendheng tekan sawah. Rendheng lan kanca-kancane pada golek iwak neng kono. Saklebatan Rendheng weruh iwak mas gedhi banjur dietutake mlayune arep dicekel. Ora krasa wis nganti maghrib, ibune banjur nyusul ning sawah. Nalika Rendheng arep nyekel iwak kuwi dumadakan ana ula njedhul lan nyedhaki dheweke. Rendheng banjur jupuk watu kang arep dibalangake ula kuwi.
Ibune kang weruh banjur ngomong, “Le, aja dibalangake watune!”Ibune nambahi,” ula kuwi bapakmu!” Nanging Rendheng ora ngrungokake ibune lan ora percaya tansaya tetep arep mbalang. Boten bu, kula tetep badhe balang ula niku mergane kula arep dipangan”, tembunge. “Ora Le, ora ula kuwi jedhul ngekon kowe cepet bali mergane iki wis magrib,” wangsulane ibune. Rendheng tetep ora ngrungokake lan watu sing dicekeli arep dibalangake. Ibune banjur uga jupuk watu lan dibalangake ngenani bathuke Rendheng nganti metu getihe. “Aduh…sakit bu!” Pangrasane. “Kuwi balesanmu bocah nakal! Dikandhani ora nggugu!” Ibune duka banget. Wis saiki kowe minggata saka desa iki! Aku ora kepengin weruh kowe meneh, Le! Ibune nambahi. Rendheng ora wani mangsuli banjur lunga menyang ngendi-endi wae kang ora ngerti tujuane sambi nangis. Saking sayahe awake Rendeng lemes banjur semaput.
Ing desa Tirto kono Rendheng ditemokake karo Pak Sastra lan diopeni nganti 15 taun suwene. Pak Sastra crita kabeh kahanane Rendheng kawit saka ditemokake. Ing umure kang wis ngancik 20 taun iki dheweke pengin ketemu karo ibune. “Aku kudu ketemu karo ibuku!” Guneme. Esuk-esuk dheweke banjur nyuwun pamit marang Pak Sastra lan dheweke ngutarakake gegayuhane kuwi. “Pak, kula badhe nyuwun pamit, badhe madosi ibu,” panjaluke.Ya ngati-ati Le, pancen wis wayahe kowe nggoleki ibumu,” tembunge. “Nggih pun pak kula kesah riyin,” pamite. “Ya Le,” jawabe.
Rendheng nekat pokoke kudu ketemu karo ibune. Sepuluh dina sepuluh wengi dheweke mlaku nggoleki ibune tanpa durung kasil apa-apa. Nalika dheweke lagi mlaku ngliwati ngalas krungu swara, “ tulung…tulung!” Dheweke nyedhaki banjur nulung wong kuwi. Jebule sing jaluk tulung kuwi wanita desa kang kepleset. “Wah ayune wanita iki!” Tembunge. Sing ditulungi banjur,” matur nuwun kang.” Kawit saka kuwi wong sakloron kenalan lan kerajut benang katresnan.
Dina sateruse nalika Suminten arep jupuk capil neng alas, dheweke kepethuk ula gedhe. Ula kuwi dudu panjelmane bojone mergane arep mangan Suminten. Suminten banjur,” tulung…tulung!” Rendheng sing krungu swara kuwi banjur mara lan nulungi. Dheweke nggegem watu banjur dibalangake. Suminten sing weruh banjur kelingan anakke biyen sing wis tau dikon lunga.
Dheweke banjur kelingan yen pria sing disenengi saiki saknyatane anakke dhewe. Dheweke banjur ora tau nemoni pria kuwi. Nanging Rendheng sing wis kebacut tresna tetep marani omahe Suminten pendak dina. Ing sawijining dina dheweke teka lan ngomong neng ngarepan ngomahe,” Suminten apa salahku kok sliramu ora gelem nemoni aku?”Apa kowe wis ora tresna?”Aku pengin nggarwa sliramu!”Suminten banjur mangsuli,” Rendheng sliramu kuwi anakku biyen sing tak kon lunga dadi aku ora sreg yen aku ngantenan karo kowe!” Dheweke mangsuli,” Alah aku ora percaya sing penting aku tetep tresna karo sliramu!” Suminten nyauri meneh,” Ya yen panemumu tetep kaya ngono, aku duwe panjaluk aku gelem ngantenan karo sliramu yen kowe bisa gawe desa iki dadi subur, ayem, tentrem lan ora ana udan watara telung dina iki”. “Piye sanggup ra?”Pitakone.”Ya aku sanggup!” Tembunge.
Wektu telung dina kuwi terus digunakake Rendheng kanggo nyaguhi panjaluke Suminten. Nanging Suminteen terus ndonga marang Sing Kuwasa supaya dheweke ora bisa nglaksanakake kasanggupane mau. Pungkasane usahaane Suminten kuwi kasil ing dina ketelu. Ing dina ketelu kedadean udan deres, taneman-taneman para tani dipangan tikus lan akeh sing mati. Rendheng banjur semplah atine. Ing ngarepan ngomahe Suminten, dheweke ngomong, “ kowe seneng ya yen aku ora bisa mujudake penginanmu kuwi?” dheweke banjur mangsuli, sliramu ngerti apa sebabe?” Mergane aku ora pengin rabi karo anakku dhewe.”
Saka omongane Suminten kuwi banjur wong-wong desa jenengi desa kuwi Rambeanak. Cerita kuwi dipercaya wong-wong nganthi saiki.

http://sastra-jawa007.blogspot.com

Iklan
Pos ini dipublikasikan di kearifan budaya. Tandai permalink.

4 Balasan ke Asal Usul Desa Rambenak

  1. tio berkata:

    Wah aku seng asli wong ngrambeanak nembe ngerti nek enek crito tentang asal usule ndeso rambeanak.. Dundangke hanung bramantyo wae men digawe film trs masuk box office hehe

  2. Ratna Wulan berkata:

    rambeanak kidul lapangan hahaha

  3. yudha mahendra berkata:

    …sangkuriang…

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s